Selasa, 05 Juni 2012

Cerkak Bahasa Jawa: Tekade Murid…




wadaw ada tugas GAJE nih dari guru bahasa Jawaku yaitu membuat cerita cekak yang lebih dikenal dengan CERKAK atau dalam bahasa Indonesianya Cerita Pendek. CERKAK merupakan seni tulis yang digemar masyarakat Jawa pada umumnya dan Indonesia *kalo bisa baca*. Nah di postng buat referensi temen-temen yang ingin thu bagaimana CERKAK itu. Boleh jadi referensi walau gak bagus-bagus amat tapi jangan plagiat... OK? oh ya untuk penyemangat covernya tak buat Kim Kibum Super Junior buat yang juga suka trima kasih yang gak suka jangan dilihat *dibuang ke jamban...*
Semoga Bermanfaat teman. Happy Reading.......  ^~^  


Author : Nony Amanda Anggraeni
Genre  : Cerkak Sejati
Paraga   : Raniasty Aruna, Pandu Dewata, Bu Ratna, Pak Agus

Author POV

Rabu 22 Maret  2012
Keringet saka batuke Rani ora sudo netes amarga Rani, bocah wadon kelas 3 SMA mlayu supaya gerbang sekolah ora ditutup marang Pak Agus.
“Pak pak aja ditutup dhisik!” Bengoke Rani karo awe-awe Pak Agus.
“Cepet nduk silak ngerti bu Kepala Sekolah.” Balese Pak Agus.
Rani banjur mlayu sebanter-bantere.
“Matur suwun pak, monggo Assalamu’laikum.” Rani omong banjur mlayu maneh ing kelas.
“Monggo nduk, wa’laikum salam.” Jawabe Pak Agus.
Rani cepet-cepet mlebu kelas khusus, kangge persiapan UN sing bakal diselenggarakake 3 minggu maneh. Anaming, apese guru sing ngajar ruang kelase Rani iku guru paling diwedeni lan galak.
“Assa Assalamu’laikum, bu Ratna.” Rani omong ngant glagepan.
“Heh? Wa’laikum salam. Loh sapa iki sing telat? Raniasty Aruna alasan apa maneh kok iso telat. Ora sadar ta nduk lek 3 minggu mengkas kowe arep ngadepi UN? Awakmu nyepelekne ta? Wis rumangsa pinter? “ urung sampe guru sing paling cerewet iki omong anaming wis diselani karo suara saka mburi lawang.
“Assalamu’laikum, bu?” ngendikane suara saka lawang kasebut. Saka kana kethok bocah lanang kang ngganteng, gedhe dhuwur teka lan nyalamui Bu Ratna. Rani ndelok ekspresine Bu Ratna. Kethok banget menawa Bu Ratna ngesir karo muride kang ngganteng lan resik mau.
“Erm .”suara watuke Rani nyadarake lamunane Bu Ratna sebanjure kuwi Ratna mbalik nunduk maneh amarga Bu Ratna mlototi dheweke.
“Rani kerjakno soal ing buku Detik-Detik paket 7 nomer 1-15 ing papan tulis!” ngendikane Bu Ratna karo ekspresi sing medeni. Akhire Rani nuruti tugas saka Bu Ratna.
Rani ndelehake tas banjur lekas ngerjakne tugas mau ing papan tulis. Bolak balik dheweke ngela nafas sing abot pasrah karo nasibe saiki. Tapi Bu Ratna isih omong-omongan karo Pandu.
‘Huh paling Pandu ya pesti dihukum luwih abot tinimbang aku. Kudune aku bersyurkur teka 15 detik luwih cepet timbang dheweke.’ Pikire Rani
“Pandu lungguh ing ngarep Bu Guru ya.” Ngendikane Bu Ratna sing rasane kaya bledeg  ing kupinge Rani.
“Kok ngaten ta bu, kan mboten adil.” Rani spontan ngomong. Bu Ratna sing isih kepikat karo Pandu banjur natap Reni karo sinis amarga ngrasa lek ana sing nganggu kesenengane.
‘Mati aku.” Pikire Rani karo guyu cengengesan.
“Raannnnnnnnnniiiiiiiii……..!!!!!!!!!!!!!!!” Bu Ratna bengok nganti sak kelas nutup kuping.
10 menit wis owah saka jam 9 nanging Rani sing kudune ana ing kelas sing seger lan adem karo bukak buku utawa ngerjakne soal saka guru saiki kudu nyabuti suket ing taman sekolah. Wis panas, sumuk mambu kringet pisan.
‘Tapi lek dpikir-pikir tinimbang ing kelase Bu Ratna mending aku ing kene nyabuti suket karo sinau dewe luwih menak.’ Pikir Rani karo nyabuti suket
Pas lagi asik-asike nyabuti suket, Rani bukak buku lan nemokake SPP bulanan kang urung bisa dilunasi bisa ndadekake Rani sing gawene duweni pikiran sing positif lan ceria, saiki maleh  lemes kaya wong putus asa.
Triiiinnnngggg…… bel sekolah muni iku tandane jam pelajaran wis rampung, bocah-bocah pada seneng lan mbalek seger maneh.  Anaming, kasuse beda karo Rani. Dheweke  mlaku lemes karo jumuk sepedahe ing parkiran.  Rani gak ngetne Pandu manehi salam menyang dheweke, Rani mlaku biasa jupuk sepedane lan langsung numpak sepedah age-age mulih supaya bisa sinau.
Pandu sing ndelok ubah polahe Rani saya ora kapenak amarga dheweke ngrasa menawa Rani nesu marang dheweke.
‘Aku kudu nebus kesalahanku.’ Batine Pandu karo delok lakune Rani. Paningalane katuju karo saklembar kartu SPP sing wis 3 bulan gak dibayar. ‘iki ta sing garai awakmu lemes.’ pikire Pandu.


Kamis 23 Maret 2012
Saiki Rani berubah, dheweke dudu bocah sing usil lan cerewet. Sak iki dheweke dadi bocah sing menengan lan luwih seneng lungguh dewe ing taman mburi sekolah karo sinau mempeng. Tujuane supaya bisa oleh beasiswa kanggo nerusne sekolah ing perguruan tinggi.
Asline, Rani iku bocah pinter lan duwe prestasi sing akeh. Anaming amarga dheweke iku usil lan cerewet, akeh guru sing nganggep kemampuane bocah kelas 3 kuwi mung aji mumpung wae amarga parase sing ayu karo kaluargane sing mapan.
Dheweke mulai urip mandiri wiwit kelas 1 SMA. Dheweke nerusake tradisi kaluargane sing bisa dikategorekake kolot iku, urip lan sekolah nganggo biayane dhewe.  Awale abot anaming Rani kasil njalani tradisi iku nganti saiki.
“Kudu iso ayo semangat Raniasty Aruna….!!!!” Kandane supaya dheweke luwih mempeng sinau.
Ora senaja Bu Ratna ndeleng kegigihane lan semangate Rani atine luluh .
“Apik nduk terusna, tak dukung saka kene.” Pangucape Bu Ratna setengah mbrebes seneng deleng muride semangat belajar.


Senin 9 April 2012
UN bakalan dilekasi jam 8 esuk. Anaming, Rani urung kethok saka gerbang sekolah. Pak Agus wis ndredeg nunggu Rani bocah sing arep ngadepi UN.
“Assalamu’laikum Pak Agus.” Bengoke Rani karo ngeliwati Pak Agus.
“Iya nduk Wa’laikumsalam, semangat ya nduk…!”
“Inggih pak…!” Jawabe Rani karo mesem.
Tok tok tok
“Assalamu’laikum.” Rani salam karo keder amarga sing nunggu ruangan iki Bu Ratna.
“Wa’laikum salam. Ya wis mlebuo nduk.” Jawabe Bu Ratna.
“Inggih, Bu.” Jawabe Rani setengah ora percaya karo kupinge.
“Jawab sing menak dhisik, aja turunan lan aja lali sak durunge ngerjakne donga disik.” Jelase Bu Ratna kanthi sabar.
Rani ora peduli karo bingune cah-cah. Sak iki ing ngen-ngene, dheweke pengen ngetest kemampuane  3 tahun sekolah ing SMA sing dadi kebanggaan sak kabupaten.
‘Bismillah, semangat…!’ serune Rani ing jero ati.
Kamis, 12 April 2012
Ora karasa dina-dina paling nentokake ing 3 tahun terakhir wis kasil dilakokake Rani. Dheweke optimis marang hasile UN sing diselenggarakake 4 dina tumurut iki. Tanpa ngurangi rasa syukure, dheweke tetep donga marang Gusti inkang maha Kuasa supaya hasile UN iki ora marai kuciwa lan bisa dadekake tolak ukur utawa senjata kangge mlebu universitas sing dheweke pilih.


Sebtu, 12 Mei 2012
Pas sewulan pelajar ing Indonesia nganakake UN sak iki, bakal dadi salah sijine dina sing paling penting. Amarga, sak iki wayahe pengumumane kelulusan UN. Dredeg, penasaran lan bingung campur dadi siji sing bisa ndadekake pengumuman iki dad pengalaman sing apak utawa pengalaman sing pahit.
Rani ya pada karo bocah-bocah liyane bingung lan penasaran karo hasile sinau 3 taun iki. ‘OPTIMIS…!’ serune Rani ing jero ati.
Tringggg la sak iki wektune pengumuman hasile UN. Rani ndredeg lan bisa ne donga supaya pikantuk nilai sing apik.
“Raniasty Aruna…?” jenenge Rani diceluk saka corong sekolah. Mlakune Rani kaya abot.
Tok tok dheweke ndodoki lawang TU.
“Assalamu’laikum, Pak”  Salame Rani karo lungguh ing sanding bapak-bapak sing urung minger kursine.
“Wa’laikum salam. Nduk sakwise nang kene kowe arep nang endi?” Takoke wong sepuh sing ngangge klambi batik coklat.
“Rencananipun kula badhe nerusake kuliah ing kedokteran UGM, Pak.” Jawabe Rani pasrah.
“Lek ora kelakon piye?” Pitakone pak guru mau.
“Insyaallah kelakon, pak.” Jawabe Rani mantep
“Ora isa nduk sak iki awakmu kudu nyiapake koper soale awakmu wis dibiayai pamerintah supaya sekolah ing Jerman. Terus SPPmu ya wis lunas dadi aja kok piker nemen-nemen.” Ngendikane bapak-bapak mau karo malik kursine ngadep Rani. Rani sing kaget langsung ndeleng bapak-bapak mau.
“Pandu….????” Rani bingung.
“Aja bingung nduk, slamet ya muridku iki terah nduweni tekad kangge sinau sing mempeng. Bu Guru nyuwun ngapura ya nduk lek bu guru ana salah ing awakmu.” Ngendikane Bu Ratna karo metu saka kolong meja sing langsung meluk lan ngambung pipi tembeme Rani.
“Inggih Bu, inggih.” Pangucape Rani karo sesembikan.
“Nduk, lek nang luar negri aja lali karokanca-kanca lan bapak- ibu guru sing ana ing Indonesia.” Ngendikane Pak Agus barengan karo kuwi Rani nyalimi pak Agus.
“Hehe slamet ya Ran. Awakmu arep sekolah ing luar negri.” Omonge Pandu karo cengengesan. Rani ora kuat nahan tangise. Dheweke seneng, apa sing dheweke pingin wis kelakon malah luwih sangka parkiraane amarag Tekade kanggo dadi manungsa sing luwh apik tinimbang dhekwingi. Dheweke langsung sujud syukur marang gusti Allah.


Jum’at, 20 July 2012
“Ran, ayo.” Ajake bapake Rani.
“Inggih pak.” Jawabe Rani karo mlayu.
Wong tuwane Rani ngeterake Rani menyang bandara Ir. H Juanda Wong tuwane katon bangga marang prestasi anak wadon siji-sijine iku.
4-5 tahun dudu wektu sing sedilut golek ilmu ing luar negri. Rani mantepne ati lan nglurusne tekad. Pas arep mlaku nang tempat masuk pesawat, dheweke kaget karo suarane Pandu.
“Ran iki. Muga-muga isa ngewangi awakmu. Jaga awkmu aja tambah kuru ya.” Pandu nyerahake bukuu catetan warnane biru.
Rani mesem dheweke seneng banget. Dheweke ndekep Pandu.
“Aku bakal mulih cepet lan sinau sing sregep ing Jerman. Masio adem lan panase nyesekne awak tapi iku ora isa nglahake tekadku. Dongakno aku, Ndu” Rani Omong karo nyepot dekapane lan budhal menyang Jerman.
Ing pesawat dheweke delok buku catetan sing di paring Pandu. Isine semangat lan diarine Pandu. Ing kana, Pandu jelasne menawa dheweke kesemsem karo sifate Rani sing duweni tekad supaya isa dadi sing paling apik saka liyane. Rani guyu dewe maca diarine Pandu.
Maca diarine Pandu dadekake Rani saya semangat lan kuat tekade. Dheweke  nyusun rencana kegiatane lan apa wae target sing bakalan ditaklukne Rani.
‘Tekadku Semangatku.’ Tegese Rani ing jero ati.

4 komentar:

  1. cerkak bahasa jawa yang kejadian itu dalam sehari dan mengandung amanat ada apa tidak?

    BalasHapus
    Balasan
    1. kebanyakan cerita mengandung amanat. Gaya dalam penyampaian pesan amanat pada cerpen modern terkesan tak menggurui karena mengajak si pembaca untuk mencari tahu amanat cerita itu sendiri.

      Hapus
  2. ihir2,, sayang sekali gak ada lanjutan alias the end

    BalasHapus