Rabu, 27 Januari 2016

Cerkak Bahasa Jawa : Kangen, Meneng

1. Kesamaan nama dan tokoh bukan merupakan unsur kesengajaan. Ingat, penulis sama pembaca belum pernah ketemu.
2. Cerkak ini murni buah pikiran penulis.
3. Boleh terinspirasi tapi jangan copy paste ^^



Bel masuk wis muni saka call room, pertanda wayah jam ke-5 wis dimulai lan uga tandane pelajaran Basa Jawa. Ananging, amarga saiki isih kelebu musim panas, dadi jam ke-5 sing sejatine isih jam 9.30-an rasane kayata uwis bedug. Ing ngendi-ngendi ae, urip-uripane bocah sekolah gur nyekel kipas lan ngombe es. Masio kaya ngono, panase ora ilang amarga angin sing kudune gawa hawa seger malah gawa hawa panas saka sawah lor sekolah. Lek dipikir-pikir, kelas XII-IPA 5 ya ora ana bedane. Kelas sanding sawah sing dibatesi peceren iku wayah semana rasane kaya di krukup kemul telung lapis. Jendela wis dibuka, kipas angin wis diempakne nanging panase isih ora ketulungan, panase mbrabak.

Yen kondisine wis mengkene, guru sing nerangne ing ngarep kayata dadi radio rusak sing unine wis ora kena diartekne maneh. Bocah kelas XII-5 iku cacahe 34 ananging sing sregep nyatet lang ngrungokne gurune iso diitung driji. Liyane wis penak ipit-ipit, jagongan lan mangan jajane sing urung enthek pas ngaso wau. Masio pak Rudi iku guru basa jawa sing trendy lan senengane nglucu, bocah-bocah wis ora ketulungan ora gatekake amarga panas sing nyengak iki. Halah, bocah kok isih melek gek ora tau merem barang pisan, wis ta jegeg tenan!

Meneng ya salah, rame ya luwih salah. Apa maneh pas wayah pelajaran kaya ngene iki ana bocah sing galau. Mesti alamat dadi sasaran fenomena  sing ngetren arane BAPER alias Bawa Perasaan. Bapere cah-cah iku ya neka-neka. Ana sing bapere nggawe sosmed kayata twitter, bbm, instagram utawa facebook. Ana maneh sing bapere rada puitis, biasane bocah-bocah sok puitis iki bapere ngangge puisi utawa gambar. Ananging, saka gaya baper sing akeh mau, gaya baper iki sing paling umum gek isa dilakoni sapa bae, ing ngendi wae, lan kapan wae yaiku nglamun.

“Yuh wonge saiki lagi nyapo ya, pelajaran apa nggarap tugas ya?” pikirane bocah sing dibaperi iku kanca sak pantaran.

“Yuh saiki dheke wis maem urung ya, ning kos-kosan apa ning kuliahan ya?” iki pikirane bocah sing lagi baper amarga LDR.

“Duh wis nduwe pacar apa ora ya si *sensor*. Masa agek putus sangka aku wis golek maneh sing anyar.” Lek iki baperane cah sing bar patah hati.

Aneh lan unik. Mripate bocah sak kelas iki madep ngarep nanging pikirane madep menyang ngendi-ngendi. Salah sijine ae si Darto. Rambute dipotong cekak lan klimis, disigar kiwa ngangge minyak rambut supaya mengkilat. Darto dijuluki cah Mbois. MBOIS iku singkatan saka Bocah Klimis. Dijenengi ngono kuwi Darta ora sedih, dheweke malah bungah amarga manurute Darto, dheweke dadi bocah ngehits. Sejene kuwi, bocah wadon sing Darto senengi saka kelas X maleh akrab karo dheweke.

Lyly, bocah sing gawene dipikirne Darto. Cewek ayu sing kulite putih langsat iki muanis banget. Mungil, lucu lan nyenengake. Sayange si Lyly iki wis ana sing nduwe yaiku Agung. Ing ngendi wae wong loro kuwi musti bareng, liyane ing WC. Sing wadon ayu manis sing lanang tampan bagus. Darto Mbois gur iso ndeleng. Ananging, ora iso nyanding. Iso mbayangne, ora iso nglakoni. Makane, saiki ing pelajarane Basa Jawa, si Darto lagi baper berat.

“Woi ta! Nyapo nglamun ae?” Danang mbuyarake lamunane Darto.

“Apa ta nang? Ganggu ae kowe ki!”

“Nyapo? Lagi nglamun Lyly maneh?”

Darto gur iso meneng. Batine benerake anaming lambene ora ngiyaake.

“Wis ta Dar, lek trah awakmu tresna kara wonge, omongo. Aja gur meneng ae. Silak telat lo awakmu.”

“Maksudmu apa nang?”

“Lyly karo Agung urung pacaran bro.”

“He maksdumu?”

“Ya gur HTS-an. Makane ndang tembak To!”

Darto meneng banjur mikir. Mungkin ae iki kesempatan terakhire. Mungkin ae saka kesempatan sing sempit iki dheweke bisa nyanding si Lyly. Terah bener omongane Danang. Menawa ana kesempatan, terah becikke kudu di jajal. Darto sing rada gupuh banjur ngadek.

“Pak Rudi, kula ijin keluar nggih pak.”

“Iya ndang kono gek mbalek.”

Darto metu kelas, ngangge sepatu sing sisih kiwa karo tengene ora pada. Si Darto mblayu sak kenceng-kencenge kaya dikiter setan menyang lab. Fisika, kelas sementarane Lyly. Banjur wis tekan ngarep lab Fisika, Darto ora wani nyedak amarga Lyly lan Agung ana ing ngarep kelas bareng kanca-kancane.

Lyly wis arep mbrabak ngetne Agung nekuk salah siji sikile. Sainggo Agung kayata nyembah menyang Lyly. Bedane, karo wong sing  nyembah yaiku kembang sing diengge. Menawa wong nyembah biasane cukup siji kembang lavender. Menawa si Agung iki sak bucket kembang mawar abang sing abange branang. Kanca-kancane wis heboh dewe nyoraki Lyly lan Agung. Ana sing ngrekam, ana sing moto, lan ana sing keplok-keplok ora nggenah. Pokoke intine kanca sak kelas iku bahagia menawa loro sejoli iku dadi sejoli tenanan.

Sing lor seneng-seneng sing kidul wis gak iso omong apa-apa. Darto gur iso meneng ndelok kembange ati arep dijupuk wong liya. 10 detik Darto melu deg-deg ser nunggu jawabane Lyly.

“Iya gung, aku trima.” Lyly mesem banjur jupuk bucket kembang mawar abang sing dicekel Agung.

“Horeeeee!!!!” Kabeh melu sorak-sorak.

“Ly, Gung, Slamet ya.” Darto ngomong lirih banjur ngaleh saka panggonan kejadian iku. Kangene ora ilang, kangene tetep ing atine soale ora ana sing ngobati. Siji-sijine solusi atine iku ya Lyly tapi Lyly wis karo Agung. Dheweke saiki wis gak nduwe hak apa-apa,Darto gur iso meneng. Darto mlaku menyang kelas karo mbenerake pikirane iku. Ya iki nasibe wong sing nyenengi karo meneng. Mendem jero, sing dipendem wis bosok saking suwine kependhem.

“Ya kaya kangen iki.” Darto mesem kecut banjur mbalik masuk ing kelase karo mikir alasan apa sing iso ngapusi sobat karibe supaya dheweke percaya lek si Mbois Darto ora lagi patah hati, lek si Mbois Darto tetep dadi bocah sumeh lan klimis. Masio dheweke temenan patah hati amarga gur iso kangen, meneng...


Ponorogo, 11 November 2015
Dikerjakan dengan sungguh-sungguh dan jujur oleh 


Nony Amanda Anggraeni

Descriptive Text; ~My Cool yet Silly Bother~

Tugas Bahasa Inggris pertama saat kelas X. Suruh mendeskripsikan seseorang tetapi bingung mau pilih siapa. akhirnya ya salah satu belahan jiwaku aka kakakku. Ya berhubung ini tugas mungkin tulisanku ini ada benar dan ada salahnya jadi ya tolong di maklumin aja ye... ^^



My Cool yet Silly Brother

I have an older brother. He is the man that I always respect after my father.  My brother’s name is Ifran Yudha Charisma but I like to call him ‘Mas Ifran’. He was born in Ponorogo, June 22nd 1988. My brother is an army like my father.
My Brother is a very neat and tidy person. He is a handsome boy. He has a black straight hair and brown skin. He has an oval face with thin lips, pointed nose and dark brown eyes. My Brother has an ideal posture, he’s 174 cm with 64 kg of weight.
My Brother’s good at sport. He likes to jog, swimming and cycling around. He’s expert in martial art, especially Young-Modo. He has a lot of hobbies include reading, sleeping and eating.
My Brother is the right definition of perfectionist. He likes to order me around and he can’t tolerated mistakes.But luckily, he never gets mad at me, though I do a lot of mistakes. Instead he will tell me how to do things.
He’s simple person with cool personality but silly at the same time. Because of that I always miss the way we tease each other when the distance separated us. 😁