2. Cerkak ini murni buah pikiran penulis.
3. Boleh terinspirasi tapi jangan copy paste ^^
Bel
masuk wis muni saka call room, pertanda
wayah jam ke-5 wis dimulai lan uga tandane pelajaran Basa Jawa. Ananging,
amarga saiki isih kelebu musim panas, dadi jam ke-5 sing sejatine isih jam
9.30-an rasane kayata uwis bedug. Ing ngendi-ngendi ae, urip-uripane bocah
sekolah gur nyekel kipas lan ngombe es. Masio kaya ngono, panase ora ilang
amarga angin sing kudune gawa hawa seger malah gawa hawa panas saka sawah lor
sekolah. Lek dipikir-pikir, kelas XII-IPA 5 ya ora ana bedane. Kelas sanding
sawah sing dibatesi peceren iku wayah semana rasane kaya di krukup kemul telung
lapis. Jendela wis dibuka, kipas angin wis diempakne nanging panase isih ora
ketulungan, panase mbrabak.
Yen
kondisine wis mengkene, guru sing nerangne ing ngarep kayata dadi radio rusak
sing unine wis ora kena diartekne maneh. Bocah kelas XII-5 iku cacahe 34
ananging sing sregep nyatet lang ngrungokne gurune iso diitung driji. Liyane
wis penak ipit-ipit, jagongan lan mangan jajane sing urung enthek pas ngaso
wau. Masio pak Rudi iku guru basa jawa sing trendy
lan senengane nglucu, bocah-bocah wis ora ketulungan ora gatekake amarga panas
sing nyengak iki. Halah, bocah kok isih melek gek ora tau merem barang pisan,
wis ta jegeg tenan!
Meneng
ya salah, rame ya luwih salah. Apa maneh pas wayah pelajaran kaya ngene iki ana
bocah sing galau. Mesti alamat dadi sasaran fenomena
sing ngetren arane BAPER alias
Bawa Perasaan. Bapere cah-cah iku ya neka-neka. Ana sing bapere nggawe sosmed kayata twitter, bbm, instagram utawa facebook.
Ana maneh sing bapere rada puitis, biasane bocah-bocah sok puitis iki bapere
ngangge puisi utawa gambar. Ananging, saka gaya baper sing akeh mau, gaya baper
iki sing paling umum gek isa dilakoni sapa bae, ing ngendi wae, lan kapan wae
yaiku nglamun.
“Yuh
wonge saiki lagi nyapo ya, pelajaran apa nggarap tugas ya?” pikirane bocah sing
dibaperi iku kanca sak pantaran.
“Yuh
saiki dheke wis maem urung ya, ning kos-kosan apa ning kuliahan ya?” iki
pikirane bocah sing lagi baper amarga LDR.
“Duh
wis nduwe pacar apa ora ya si *sensor*. Masa agek putus sangka aku wis golek
maneh sing anyar.” Lek iki baperane cah sing bar patah hati.
Aneh
lan unik. Mripate bocah sak kelas iki madep ngarep nanging pikirane madep
menyang ngendi-ngendi. Salah sijine ae si Darto. Rambute dipotong cekak lan
klimis, disigar kiwa ngangge minyak rambut supaya mengkilat. Darto dijuluki cah
Mbois. MBOIS iku singkatan saka Bocah Klimis. Dijenengi ngono kuwi Darta ora
sedih, dheweke malah bungah amarga manurute Darto, dheweke dadi bocah ngehits. Sejene kuwi, bocah wadon sing Darto
senengi saka kelas X maleh akrab karo dheweke.
Lyly,
bocah sing gawene dipikirne Darto. Cewek ayu sing kulite putih langsat iki
muanis banget. Mungil, lucu lan nyenengake. Sayange si Lyly iki wis ana sing
nduwe yaiku Agung. Ing ngendi wae wong loro kuwi musti bareng, liyane ing WC.
Sing wadon ayu manis sing lanang tampan bagus. Darto Mbois gur iso ndeleng. Ananging,
ora iso nyanding. Iso mbayangne, ora iso nglakoni. Makane, saiki ing pelajarane
Basa Jawa, si Darto lagi baper berat.
“Woi
ta! Nyapo nglamun ae?” Danang mbuyarake lamunane Darto.
“Apa
ta nang? Ganggu ae kowe ki!”
“Nyapo?
Lagi nglamun Lyly maneh?”
Darto
gur iso meneng. Batine benerake anaming lambene ora ngiyaake.
“Wis
ta Dar, lek trah awakmu tresna kara wonge, omongo. Aja gur meneng ae. Silak telat
lo awakmu.”
“Maksudmu
apa nang?”
“Lyly
karo Agung urung pacaran bro.”
“He
maksdumu?”
“Ya
gur HTS-an. Makane ndang tembak To!”
Darto
meneng banjur mikir. Mungkin ae iki kesempatan terakhire. Mungkin ae saka
kesempatan sing sempit iki dheweke bisa nyanding si Lyly. Terah bener omongane
Danang. Menawa ana kesempatan, terah becikke kudu di jajal. Darto sing rada
gupuh banjur ngadek.
“Pak
Rudi, kula ijin keluar nggih pak.”
“Iya
ndang kono gek mbalek.”
Darto
metu kelas, ngangge sepatu sing sisih kiwa karo tengene ora pada. Si Darto
mblayu sak kenceng-kencenge kaya dikiter setan menyang lab. Fisika, kelas
sementarane Lyly. Banjur wis tekan ngarep lab Fisika, Darto ora wani nyedak
amarga Lyly lan Agung ana ing ngarep kelas bareng kanca-kancane.
Lyly
wis arep mbrabak ngetne Agung nekuk salah siji sikile. Sainggo Agung kayata
nyembah menyang Lyly. Bedane, karo wong sing nyembah yaiku kembang sing diengge. Menawa
wong nyembah biasane cukup siji kembang lavender. Menawa si Agung iki sak bucket kembang mawar abang sing abange
branang. Kanca-kancane wis heboh dewe nyoraki Lyly lan Agung. Ana sing ngrekam,
ana sing moto, lan ana sing keplok-keplok ora nggenah. Pokoke intine kanca sak
kelas iku bahagia menawa loro sejoli iku dadi sejoli tenanan.
Sing
lor seneng-seneng sing kidul wis gak iso omong apa-apa. Darto gur iso meneng
ndelok kembange ati arep dijupuk wong liya. 10 detik Darto melu deg-deg ser
nunggu jawabane Lyly.
“Iya
gung, aku trima.” Lyly mesem banjur jupuk bucket
kembang mawar abang sing dicekel Agung.
“Horeeeee!!!!”
Kabeh melu sorak-sorak.
“Ly,
Gung, Slamet ya.” Darto ngomong lirih banjur ngaleh saka panggonan kejadian
iku. Kangene ora ilang, kangene tetep ing atine soale ora ana sing ngobati.
Siji-sijine solusi atine iku ya Lyly tapi Lyly wis karo Agung. Dheweke saiki
wis gak nduwe hak apa-apa,Darto gur iso meneng. Darto mlaku menyang kelas karo
mbenerake pikirane iku. Ya iki nasibe wong sing nyenengi karo meneng. Mendem
jero, sing dipendem wis bosok saking suwine kependhem.
“Ya
kaya kangen iki.” Darto mesem kecut banjur mbalik masuk ing kelase karo mikir
alasan apa sing iso ngapusi sobat karibe supaya dheweke percaya lek si Mbois
Darto ora lagi patah hati, lek si Mbois Darto tetep dadi bocah sumeh lan klimis.
Masio dheweke temenan patah hati amarga gur iso kangen, meneng...
Ponorogo, 11
November 2015
Dikerjakan
dengan sungguh-sungguh dan jujur oleh
Nony
Amanda Anggraeni